Pacelaton lucu utawa ing Bahasa Indonesia diarani dialog lucu versi Bahasa Jawa
Petruk : “Kang apike wayah awan-awan ngene iki gojekan karo parika ya!”
Gareng : “Apa ora kepenak tetembangan wae?”
Petruk : “Yo parikan karo tetembangan yo isoh!”
Gareng : “Yo wis wiwitana dhisik!”
Petruk : “Preman garang mangane telo, suwe ora perang isih wani po?”
Gareng : “We ngajak perang ki!”
   Tuku wedi diusungi, aku ora wedi tak tandhangi
Petruk : “Godhong garing dipangan uler
   Kang Gareng senengane ngiler”
Gareng : “Mbah brintik lagi susuran, bocah cilik ora sah pethakilan.”
Petruk : “Tuku cukilan ing njero pager.”
Gareng : “Terus…?”
Petruk : “Yo ben pethakilan ning nak pinter.”
Gareng : “Gawe pager ojo bolong, pinter dari Hongkong?”
Petruk : “Ganti nembang wae kang nggone Didi Kempot!”
Gareng : “Lagu kesukaanku ya”
   Jambu alas kulite ijo
   Sing digagas uwis nduwe bojo
Petruk : “Wah mesthi kisah pribadi karo yu Marni”
Gareng : “Mbahmu kuwi, kowe genti opo nduwe lagu sing ana parikane?”
Petruk : “Mbahku yo mbahmu, hayoo. Aku ya nduwe, iki ungkapan hatiku”
   Senthir lengo potro
   Sing dipikir kok ora rumangsa
Gareng : “Sama saja alias sami mawon, cinta tak terbalas.”
   Kembang jambu gogrok dipangan uler
   Cintaku sekonyong-konyong koder
Petruk : “Nasibe awake dhewe padha ya kang!”
Kapetik saking : LKS  NGUDI KAWRUH BASA JAWA 
  KTSP KELAS X
 
 
 
mantap gannn
BalasHapushahaha...:D dasar ganefo...
BalasHapus