Kamis, 14 Agustus 2014

Sesorah Ambalwarsa Sekolah


Kelingan iki tugas basa jawa wanci aku kelas 2 SMA. Tugase kelompok 4 uwong. Kelompok'an i yo koyo ngono kae enek sing kerja, enek sing mung nunggu hasil kerja kancane. Ing tugas iki aku kebagian sing sesorah. Dadi aku kudu ngapalne wacan iki sing ora tak mudhengi basane trus nampilke ing ngarep kelas. Ngapuro yo... ing sela-sela sesorah, aku sempet lali urutan ingkang kudu dakucapake. Yaahh... dadi hasile ora maksimal :'(

Kelompok XI-IA2:    Anggita Hapsari
                                    Choiria Shinta
                                    Dian Ayu Safitri
                                    Inmindi

                  
AMBALWARSA SMA N 1 SRAGEN

Assalamualaikum Wr.Wb

            Bismillahirohmanirrohim. Alhamdulillahi robbil ‘aalamiina. Washsholatuwas salaamu ‘alaa asyrofil anbiyaa-i wal mursaliina, wa’alaa aalihi washohbihi ajma’iina. Ammaa ba’du
            Wonten ing kasempatan meniko, sumonggo kita sareng-sareng nambahi raos taqwa dumatemg Gusti ingkang Maha Kuwaos kanthi ngelampahi sedoyo perintah-perintahipun lan nebihi sedoyo awisan-awisanipun, wonten ing keadaan nopo kemawon, seneng utawi susah, sempit utawi lapang, sakit utawi sehat. Sebab kalian taqwa meniko kulo lan panjenengan sedoyo bakal manggihi kemulyaan, kesuksesan lan kebahagiaan wonten ing dunyo ngantos dumugi wonten ing akhirat.
Selanjengipun sumangga kita dherekaken ngunjuaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun paring kanugrahan sahengga kita saged makempal ing ngriki kanthi wilujeng nir ing sambikala.
            Panjenenganipun Bapak Kepala SMA N 1 Sragen , ingkang kinurmatan.
            Panjeneenganipun Bapak Ibu guru SMAN 1 Sragen , ingkang satuhu minulya.
            Saha rencang-rencang ingkang kulo tresnani.
            Wigatosing gati ing siang punika mboten sanes, mahargya pengetan dinten ambal warsa SMAN 1 Sragen. Menawi ningali gunggunging yuswa SMAN 1 Sragen sampun kalebet dewasa. Sampun udakara yuswa 51 tahun. Kados dene tiyang ingkang sampun andungkap dewasa, SMA N 1 Sragen kedahipun langkung menep, langkung wijaksana, lan langkung anggadhai kualitas ingkang sae, sahengga SMAN 1 Sragen langkung dipun pitados deneng masyarakat. Sampun kathah warga masyarakat kompetisi supados saged mlebet wonten  ing SMA N 1Sragen . Pramila SMA N Sragen kedah saged maringi pelayanan ingkang sae, sahengga ing tembenipun para siswa saged nglajengaken ing pawiyatan luhur jumbuh kaliyan gegayuhanipun.
            Para rawuh ingkang kinurmatan , mekaten ingkang saged kula aturaken. Menawi wonten tumpangsuhing basa, meranging trapsila kula nyuwun agunging pangaksami.
            Wasana cekap semanten , Bilahitaufik wal hidayah
Wassalamualaikum Wr.Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar